Lapangan Merdeka utawa Medan Merdeka (cara Jawa: Alun-alun Mardika) ya iku sawijining alun-alun gedhé kang ana ing punjering Jakarta.[1] Ambané sakilomèter pesagèn. Manawa ara-ara sakiwa-tengené kètung, Lapangan Merdeka dadi alun-alun gedhé dhéwé sadonya utawa kalebu kang gedhé dhéwé.[2] Kanthi 75 héktar, alun-alun iki ping lima ambané Alun-alun Tiananmen, lan pung rolas ambané Place de la Concorde.[3]
Ing punjering alun-alun iki madeg Monumèn Nasional utawa Monas.[4] Plaza srasahan sakiwa-tengené wiyahé kanggo ngadani kridha-kridha nasional kaya ta parade militèr lan parade kambang, uga kanggo dhémonstrasi. Sakubengé Monas saiki dadi taman mawa pancurané ing sisih wétan, lan kurungan menjangan mawa éyuban wit ing pojok kidul-wétané.[5] Alun-alun iki kondhang minangka jujugan wong Jakarta saperlu ulah raga lan plesiran mligi saben setu-minggu.[6]
Alun-alun iki kinubengan gedhong-gedhong pamaréntahan wigati kaya déné Istana Merdeka,[7] Musiyum Nasional Indonésia, Mahkamah Agung lan sawenèh gedhong mantri.[5] Sajeroning mangsa kolonial India Nèderland, alun-alun iki diarani Koningsplein (alun-alun ratu).[8]
{{cite book}}
: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search